SEMARANGAN
“GONDES
MBEK GENTO” , episode 3
-Begal
Motor-
Istirahat sekolah Gento mbek Gondes sowan moro
Perpustakaan. Minggu wingi Pak Gunarto penjogo perpus sing lawas wes pensiunan,
diganti karo Mbak Miranti seng bar lulus kuliah seko Unnes. Mbak e umure isih
23 taun, parase mungil ayu koyo artis Dewi Persik. Orak mok Gondes mbek Gento,
cah-cah sak kelase koyok Warsidi, Tukiyo mbek Gareng yo melu njagong neng
perpus. Nek Doyok ora betah neng perpus, cah lemu iki yo wes ndeprok neng
kantin.
“Ndes kiro-kiro yen aku mbek Mbak Miranti cocok orak
Ndes???”, jare Gento karo mlirak-mlirik nyawang Mbak Miranti.
“Seng pantes yo aku To,,,cah paling ganteng jare emak ku”,
Gareng ngadek karo deleh koran seng bar diwoco neng mejo.
“Ndes, To aku tak neng kantin sek yo marani Doyok
,,,ngeleh ki”, Gareng metu karo salaman karo seng jogo perpus pas dikon ngisi
daftar tamu.
Gondes seng ket mau moco koran, hujug-hujug wajahe rodok
bingung campur wedi.
“To,,,To...kie ono berita yen mau bengi seorang wanita
dibegal oleh kawanan perampok saat mengendarai Supra150cc jam 11 malam sewaktu pulang dari kantornya”
“Ndi ndes??? Ndelok-ndelok...!!!!”
“Ketone minggu-minggu iki akeh kasus begal motor yo
To???? Wingi anak e Mbah Min dibegal neng cedak jembatan TI,,motor ninjane seng
anyar ludes tanpa jejak”, jare Gondes karo rodok wedi.
“He e ndes...aku yo wedi ki,,,,saiki aku gah ballik
wengi-wengi engko ndak keno begal,,motor ku kan jek kredit 3 wulan ndes”
“Opomeneh aku
To,,,motorku BPKBne jek digadekne To..”
Bel mlebu wes berkumandang, cah-cah wes mlebu kelas, Bu
Dar guru sejarah mlebu kelas karo wajah seng kurang semangat. Bu Dar iki biasane
diplesetke jenenge karo cah-cah kelase Gondes dadi BunDar, awak e rodo pendek
lemu, nek mlaku koyo penguin.
“Sekarang buka LKS nya kerjakan halaman 5-7 di buku!!”,
sanjange Bu Dar karo ngelapi kringet seng metu terus.
Cah-cah sak kelas langsung meneng ngerjakke LKS.
Setengah jam lewat, BunDar orak koyok biasane seng
ngomong terus. Sak wetara ngelapi kringet seng metu seka wajahe, bar kui ndelok
i cah-cah seng jek nggarap LKS. Windy koncone Gondes seng paling ayu sak kelas
wanikne takon karo BunDar.
“Ada apa BunDar??”
Karo ngelappi kringet seng terus metu BunDar ngomong.
“Cah,,akhir-akhir iki kan reti dewe neng Tipi, Radio,
Koran,Fesbuk,Twiter mbek lyane,,akeh mbahas tentang begal motor,, peristiwane
wes tekan ndi-ndi,,seng paling tragis kan seng wingi cah SMP di begal cedak sekolahan awak e dewe iki,,,iki
seng paling tak wedeni cah-cah yen daerah sekolahe dewe jebul yo rak aman,,
seng rak nutupi keungkinan neng daerah liane,,mulo saiki yen bar maghrib ojo
dolan-dolan,,,sinau neng omah ,,ngaji nggarap PR ,,nek ora mijeti sebeh karo
semehe seng kesel sedino bar kerjo...”
“Siappp BuuunnnnDarrrr”, cah sak kelas jawab serentak
karo semangat.
“Ben
wengi ne rak dolan-dolan,,,Bu Dar saiki menehi Pe Er,,,kerjakke LKS halaman 8
nganti 25,,jaWAbane ditulis tangan karo soale sisan neng HVS!!!”
Cah
sak kelas langsung mlongo.
MOOODYYYIIIAAAARRR!!!!!!!
......................................................................................................................................................
“Nang nduk,,jaman saiki yen ora pinter-pinter sekolah
utowo njogo watak,bakale dadi wong seng ngrugiknee wong,,,deloken saiki akeh
kasus wong seng dadi peelaku begal motor,,iki mau seng bakal dadi ahli
neroko,,perbuatane mlebu perkoro olo,,,ojo ditiru,,sholat karo ngajine di tingkatke,,”,
Mbah Min guru ngajine Gondes, Gento mbek Doyok nutup ngaji sore iki karo menehi
wejangan karo murid murid te.
Sak wise metu seko
mejid Gondes, Gento mbek Doyok moro kucingane Mak Roto cedak lapangan. Cah telu
mau njagong kaaro mangani gorengane mak roto sseng isih anget-anget.
“Pie Ndes ?? koe
sido nembak Grasia rak??”, Gento takon karo njawil-njawil wetenge Gondes.
“Suk wae lah,,,pas pensi sekolah ,,,”
“Ngko kesuwen Ndes ..selak bosok...lha kowe pie Yok?? Ape
diet kapan?? Jare ape poso senen kemis??”, Gento takon karo
njawil-njawil,,bokonge Doyok.
“Suk wae,,bar idul kurban...”
Pas cah telu mau assyik ngobro,,hujug-hujug ono suoro emak-emak bengok banter.
“RRAAAMMMPOOOOKKKKKK”
Wong-wong seng neng cedak kono banjur marani karo ono
sing melu ngoyak nututi numpak motor. Gondes seng gowo pit,, banjur melu ngoyak
nututi.
Pas ape tekan jembatan motor seng dibegal karo perampoke
nyendat-nyendat koyok bensine entek. Kedaden motor seng dibegal mati pet, Lek No sing nyegat
neng ngarep banjur niat nggebok sirahe perampoke nganggo buku kreditane,tapi
perampoke hindar langsung njebur kali.
“Aduuuhhhhhhh....”
Suorone perampoke seng pekok,, wong kali ne asat rak udan
sewulan yo gak ono banyune, walhasil
perampoke mau ndlangsur kelaran. Wong-wong seng ngoyak banjur nyekel perampoke.
Emak-emak mau banjur nyritane yen mau dewek e kroso
dibunttuti seko Pasar Terongan tekan Gajah,, ora sadar yen seng nututi kui
begal.
Gondes seng rodo jengkel bola-bali matak sirahe perampoke
ngganggo pacul.
..................................................................................................................................................
Dino Sebtu sak wise Pramuka , Gondes seng keno hukuman
karo pembinane mergane ngerjani Hana konco sak kelase nganggo kodok seng
dilebokne neng tas se. Hana seng wajahe blasteran Londo semaput pas deknen ape
njipuk buku neng rtase bar kui ngerti Kodok. Pas Pak Pikolo seng dadi pembina
pramuka golek tersangkane, cah-cah podo
nunjuk Gondes, walhasil Gondes dikon njabuti suket lapangan nganti rampung
nganti wengi. Jam 8 Gonddes lagi bari, motor Vega Abange diuripno, banjur mlaku
alon-alon moro omah.
Pas tekan Alteri, Gondes ndeloki spione terus, wedi-wedi
ono seng ngetutke koyo tragedi begal wingi bengi. Ndlalah, jebul ono sing
ngetutke tenan, wong lanang nganggo helm tutup, jaket ireng numpak motor
jupiter mlaku alon-alon neng mburine Gondes.
“Wah opo o aku ape
dibegal ki??????”, perasaane Gondes wes rak enak.
Tekan enggokan medoho,, Gondes soyo banter, ora ngilang
malah seng ngetotke melu mbanteri.
Rasane wes soyo ra enak, karo ngegas soyo banter Gondes
nangiss banter karo nyebut Semehe.
“Maaaakkkkkkk Tulllluuunnngggggg ...........”
Tekan prapatan ngarep komplk omahe Gondes rodo ngalon,
soale seh rodok rame. Wong seng ngetutke
mau isih ono nng burine melu mlebu komplek e Gondes.
Gondes wes tekan ngarep gerbang omah, bar kuwi wong seng
ngetutke mau melu mandek neng gerbang
ngarep omahe Gondes.
“Ampuunnn om ampunnnnn,,,iki motorku satu-satunya om.....”,
Gondes nangis karo ndodok.
“Heeee...Ndes iki aku Tukiyo......Ndes”, karo bukak
helm,,jebul wajahe Tukiyo seng ngetoro.
“?????”
“Koe ki piye jare ape malem mingguan kon ngenteni ning
gerbang sekolah jam 7, eh malah
ngabur,,,jangkrikkk kowe Ndes!!!!”
Gondes seng terbbebas seko begal nangis karo
ngelap-ngelap umbele.
“Koe ngopo Ndes??? Malah nangis??”
Gondes seng klanjur keweden banjur ngobrok neng celono,
mbek nangis ngelapi umbel.
+++++++++++++++++++++++$suwun
nda, komen y nda$+++++++++++++++++++++++
Alfian adestya putra
Tag :
GONDES MBEK GENTO
0 Komentar untuk "GONDES MBEK GENTO ,episode 3 "Begal Motor""
Monggo dikomentari rek...