SEMARANGAN
“GONDES
MBEK GENTO” , episode 4
- LgBT -
Wis telung
dina iki Gareng rak mangkat sekolah, kanca-kancane ora ono seng reti Gareng lungo
neng endi, omahe tutupan sepi kosong mlompong. Guru sekolah mbek tonggone podo
ora reti Gareng lungo menyang ngendi.
“Heh
Nto opo atake Gareng sak keluargane melu anggota Gafatar po yo??”, takone Doyok karo nyruput kopi panas gawene
mak Roto.
“Hushh...rak
mungkin Yok wong kowe reti dewe ibuke Gareng guru Ngaji, ono-ono wae..”
“Opo
kowe rak tau ndelok tivi po Nto ,, korban Gafatar ki biasane lungo rak ono
kabar,, teros keluargane lapor polisi yen dikiro korban penculikan,, e ndelalah
bener jebul melu Gafatar..diculik gabung gafatar neng kalimantan”
“Wah
enak yo Gareng...”Gondes melu nyauri karo mangan Gedang goreng comang-camung”
“Maksute
pie Ndes??”
“Yo
enak to Gareng iso wae entuk perawan Kalimantan..Ayu-ayu jare wong kalimantan
keturunan cino...”
“Jangkriikk..”
“Sante
ae rak wis,,,paling yo Gareng jek piknik sak keluarga neng Bonbin ,,
makk gorengan mbek kkopiku dibayari Doyok”
“Aku
iyo makk,,gorenganku limo kopimik e 2 gelas dibayari Doyok..” , Gondes mbek
Gento langsung mlayu ninggalke Doyok dewean neng warunge mak Roto.
“Jangkriikk...”
.............................................................................................................................
Dino
minggu iki Gondes orak lungo ngendi-ngendi , wong sak keluarga do lungo menyang
kondangan lha Gondes neng omah dewean.
“Gooon
Ndeesws..Gondeess”, Gento mbek Doyok teko langsung mlebu omah moro kamare
Gondes.
“Nonton
opo Ndes?? Bokep mesti??”, Doyok lungguh karo langsung jipuk gorengan seng ono neng
sebelahe Gondes.
“Nonton
lalala yeyeye....”
“Ganti
berita ya??”
“Gantino”
‘.....banyak
masyarakat Indonesia meresahkan adanya LGBT akhir-akhir ini, masyarakt
menganggap LGBT dapat merusak mentalitas dan moral bangsa, terutama bagi
anak-anak dibawah umur.....
“Opo
kui LGBT”, Gento penasaran.
“Embuh...”
“Lembaga
Generasi BaTman”
“Combrote
lha T ne??
“Ba..Tman”
“Gapleki
-_-“
“LGBT
ki kepanjangane Lesbian. Gay, Biseksual, Transgender”
“O...”,
Doyok mlongo rak mudeng.
“Mudeng
to Yok??”
“Embuh
rak mudeng aku Nto..hehe”
“Gampange
koyok koe Yok...”
“Opo
kui Ndes?”
“Homoo...hahaha”
“Jangkrikk”
“...artis
saiful jamil yang kerap dipanggil dengan sebutan bang ipul, kini harus rela menekam
di penjara dikarenakan kasus pencabulan terhadap anakk laki-laki di bawah
umur....”
”opo meneh iki...gilani”, Doyok jijik langsung ganti nonton
spongbob.
“Halahh...sok-sokan
gilani padahal deknen yo seneng lanang...hahaha...”
“He
e..bener wkwk..”
“Bar-bar-bar.....sms
Gareng sek ah menowo dibales...”
“Aku
mau sms Gareng ok..ketone wes di bales...sek ta jipuk hp sek tak ces kamar
mburi”
Hujug-hujug
Gondes teko karo bingung sak wise moco sms hpne seko Gareng.
“Nopo
Ndes??”
“Delok
o ki...”
“LgBT
q Ndes sp,,ng Klmantn gn om, ,,kng q p?wkwk”
“Mosok Gareng melu LGBT mbek Gafatar neng kalimantan Ndes ? wah dewe kudu nylamatke Gareng ki”, Doyok panik karo tetep nyamuti gorengan.
“Wah
lapor karo pakdemu seng polisi wae pie Nto???”
“Waduh
berat yo ...ayo saiki po neng kantor polisi??”
“Ayo
kita menyelamatkan teman kita...!!!!
Cah
telu langsung jipuk motor langsung mangkat.
.........................................................................................................................................
Neng
dalan cah telu iki pas-pasan karo Warsidi seng nembe metu seko indomaret.
“Di warsidi...tuku opo??”, Doyok minggir marani
warsidi
“tku
lombok mbek trasi, pie ono opo?”
“Gawat
Di...Gareng....”, Gento mbek Gondes panik.
“Ono
opo toh?”
“Gareng
melu LGBT karo melu Gafatar neng Kalimantan..”
“HEEEE???
Edanann”
“LGBT
ki opo? Nek gafatar ngerti aku”
“Intine
Gareng Homo..”
“msok
Ngono Ndes..?”
“He e iki buktine?”, Gondes menehke hpne seng
ono smse Gareng.
“O....akuwingi
bengi yo sms Gareng naagih utang,,, deknen sedelok engkas balik jare...”
“Waduh
pie jal iki??? Melu po ayo?
“Neng
ndi?”
“Kantor
polisi”
Akhire
cah papat moro kantor polisi.
Tekan
kantor polisi, kantore tutup. Doyok ngerti wong nyapu neng cedake kantor polisi
njuk titip kon nyampekke pak polisi.
“Pak
nyuwun tulung mangke dipun sanjangke pak polisi nggeh,,....(Blablabala)”
Sakwise
titip cah [papat mau bali omah”
...................................................................................................................................
Senin
isuke Doyok, Gondes, Gento wes ono neng
kelas.
“Nek
misale Gareng teko enak e dipiekne cah? Dikucilke wae pie?”
“Mesakke
Ndes?”
“Di
rungokke mp3 ngaji wae”
“Usul
yang bagus dari sodara Doyok”
“meneng
ke wae..disik etok-etok meneng disik deknen ape ngomong opo..”
Rak suwi
Gareng ketook seko kadohan langsung mlebu kelas.
“Halo
my fren...ho ar yu tudei?hhahaa...Loh kok meneng wae..rak kangen po karo
aku..bgahaha?”, Gareng teko-teko karo ngrangkul-ngrangkul Gondes mbek Gento,,
karo jiwiti wetenge Doyok.
“Hiiiii...jebul
tenanan Ndes...ayooo kaburr...”
“Loh..Lhoh...ape
do ngendi heh heh....”
“koe
homo yo Reng???”
“Homo??maksute?”
“Homo,,,seneng
karo weteng...”, jare Doyok karo nyopot sepatune siap-siap mlayu.
“Goblok...Homo
ki seneng karo pitik.....”, Gento melu nyauri.
“Homo...seneng
karo lanang Reng...”, jare Gondes karo nyopot sepatu, pengalaman bien wedi
dioyak-oyak banci.
“Maksute
pie???”, Gareng bingung weruh polah konco-koncone.
“Ndi
Reng bayar utang mu.....jare duwite akeh”, Warsidi mlebu langsung ngrangkul Gareng.
“Heh...di
warsidi koe ora gilo mbek Gareng po??”
“Ah
rak ngurus pentingg duwitku balek.”
Gareng
moro jipuk tase karo menehi duwit mbek oleh-oleh karo warsidi.
“Nyoh
Di lunas to..? ki oleh-oleh kanggo koe..”
“Lha
aku ndi Reng?”, jare Doyok karo mupeng.
“Ah nggatel...ngono
wae aku iso diarani homo maksute pie”
“Sms
mu neng aku,” jare Gondes karo nduduhke hpne neng Gareng.”Nyoh ki”
...“LgBT q Ndes sp,,ng Klmantn gn om, ,,kng q p?wkwk”...
...“LgBT q Ndes sp,,ng Klmantn gn om, ,,kng q p?wkwk”...
“Nggateli...”
“Koe
homo yo Reng??”
“Gondes
pekok..LgBT iki maksute ‘Lagi Butuh Temen’ aku ndes sepi, neng kalimantan gone
om ku, “
Cah
papat”/????????????????????/”
Tag :
GONDES MBEK GENTO
0 Komentar untuk "GONDES MBEK GENTO,episode 4 " LgBT ""
Monggo dikomentari rek...