Alfian Adestya Putra

Mayeng-Mayeng moro Semarang

Mayeng-Mayeng moro Semarang

GONDES MBEK GENTO,episode 2 "Car Free Day"



SEMARANGAN
“GONDES MBEK GENTO” episode 2
-Car Free Day-

            Dino setu sore sakwise eskul Pramuka. Gondes,  Gento Warsidi, Tukiyo,Doyok,mbek Gareng koyok biasa nongkrong ning kucingane Mak Roto karo bahas rencanane sesuk dino minggu ape pit-pitan ning simpang lima. Wes suwi ,neng Semarang angger dino minggu diterapne dino Car Free Day. Mobil utowo motor gak intuk mlebu wilayah simpang lima sak sekitare nganti jam 10 isuk. Dino minggu kuwi dimanfaatke karo cah-cah semarang kanggo ajang sosialisasi utowo kanggo refresing mbek konco-konco akeeh. Biasa  ne ono sing senam, ono sing pit-pitan, ono sing joging, mbek ono sing mlaku-mlaku karo ngejak asune.
“Heh piye ki sesuk sido po rak?? “,Gondes bukak topik karo jimuk pisang gorenge Gento ning plastik.

            “Sido to Ndes,,pitku wis tak umbah ki neng omah....kempling pokoke....”, jare Gareng karo jimuk pisang Gorenge Gento.
            “Wah..sori ki aku sesuk rak iso,,aku karo bocahku ape dolan ning Bandungan..sori  yo..”,Tukiyo mansuli karo ngelus-ngelus batuk e Gareng.
            “Iyo ki,,aku yo sepurane yo..sesuk aku dijak mancing karo sebehku,,minggu ngarep wae aku melu”, Jare Warsidi karo njimuk gorengane Gento mbek ngelus-ngelus batuk e Gareng.
            “Janggkrriiiikkkk,,,batukku dielus-elus terus wae!!!!!!!”, Gareng nesu karo siap-siap matak wong nganggo sepatune , kanggo sopo meneh sing ape ngelus-ngelus batuke Gareng pisan.
            “Wah .. rak  solid koe nda....aku melu Ndes ,,,,tapi aku nyileh pit mu yo Di warsidi..??”,Doyok nanggepi karo jipuk Pisang gorenge Gento.
            “Sante wae Yok,,,ngko wengi jipuk o ning omahku,,,”
            Rak kacek suwi Gento sing bar nguyuh ning kali sebrang lapangan teko. Karo reko—rekone mbenekne rambute sing rodok dowo mburine.
            “Piee ki??? Sesuk sido to???”
            “Lho sante wae To,,,sesuk jam nem kumpul ning omahku wae,,,ojo lali nggowo bal voline To...”, Gondes nanggepi karo rekake nyepet-nyepetke mangan pisang gorenge.
            “Wes semene wae sesuk isuk podo kumpul ning omahe Gondes ok??? Yoh bali yo,,wes surub aku ndak digoleki mak ku...”,Jare Doyok karo cepet-cepet mblandang numpak motore. Disusul Gondes, Warsidi,Tukiyo mbek Garenng.
            Gento njipuk tas sing diseleh ning cedak rantang e mak roto banjur ndelok i bungkusan gorengan sepuluh ijine wes entek.
            “JAngkriiikkkkkk.!!!!!!!!!!!!!!!!!....pisang gorengku mbok entek ke cahhhhhhh..!!!!!!!!!!!!!!!
.....................................................................................................................................................
            Jam 7 wengi sakwise ngaji ning mesjid Doyok ngejak Gento mbek Gondes ngeterke ning omahe Warsidi sing dalane nglewati kuburan. Doyok pancen jirihan, pernah bien wengi-wengi melu acara jerit malam pramuka, Doyok ngobrok ning celono, mergane delok Martini wong edan mburi stadion nganggo rukuh menek ning wit kresen,ketoro koyok pocongan puteh-puh.
            Doyok Gento, mbek Gondes omahe ancen cedak, angger wayahe bar maghrib cah telu mau ngaji karo mbah Min ning mejid. Sori Mbah Min e gak tak ceritakne dowo-dowo mengko ono wayahe.
            “Yok,  mbok kowe karo Gento wae yok ?? nopo ndadak cah telu ngene....”, jare Gondes karo tetep mancal pit e, Doyk goncengan numpak pit mbek Gento.
            “Wes lah Ndes,,,gak popo,,,koe tak jak ben setane wedi karo rupamu,,,,hehehe,,”
            Sak wise nglewati jembatan cah telu mau ngliwati kuburan arah omahe Warsidi. Cah telu mau langsung moco-moco dungo karo nyepet-nyepetke mancal sepedane. Kuburan kui rodo ombo,ono ning sisih tengen mbek kiwone dalan utoowo dalan e ning tengah-tengah kuburan koyo yen koe lewat kuburan Berguto.
            Pas nyepet-nyepet ke sepedane , sepedane sing ditumpaki Gento mbek Doyok rantene ucul, Gondess wes mblabas banter neng ngarep, Gento langsung mlayu, doyok sing ditinggal ning mburi melu mlayu karo geret-geret  sepedane.
            “Toooooo......enteeeeennnniiii TOOOOOO>>>!!!!!!!!”,Doyok sing lemu mlayune alon ketinggalan ning mburi.
            Rak suwi, cah telu  mau wes tekan ngarep omahe Warsidi.
            “Warsiiiidddiiiii...warsidiiiiii....”, suarane Doyok ngundang warsidi ning ngarep omahe.
            Pembantune Warsidi sing awak e memel koyok Nagita Slavina metu karo gowo kunci sak  renteng kanggo mbuka pager.
            “Ehhhh... geng pletok teko....sehat kabeh ki????”, pembantu ne sing wes kerep direpotke gawe wedang mbek goreng gorengan angger cah-cah iki teko wis  gak kaget meneh.
            Cah telu mau langsung lungguh ning lengkonge warsidi sing gone enak kanggo nongkrong karo makani iwak koi ning kolam e warsidi.
            “Jipuk o Yok ,kae sepedaku ning pojokan.... heh pie lewat kuburane aman hahaha...??”, Warsidi metu karo nggowo gorengan sejinah, sing gak ono sak menit wes amblas.
            “Jangkrik,,,pit ku rantene ucul mau Di,,,”, jare gento karo nyemplungne takari siji-siji ning kolam koine warsidi.
            “Lha koe pie ndes sido nembak grasia orak ndes,?? Daripada tak disik i hahaha...”, jare Warsidi karo menehi stik Pe es sing disilih e setaun wingi.
            “Oooo...lha  iki stik pe es ku,,,,celeng,,,tak kiro didol pak ku...awas koe  disiki aku gebet Grasia!!! Tak patak batukmu...”, omonge Gondes karo nyrobot stik e seko Warsidi.
            “Iyo ndes,,,aku wingi di curhati  Grasia ,,ngepo ni koe,,,pertama takon gondes ki cah e koyok pie? Gondes  ki bendino ngopo wae?? Gondes ki tanggal lahir e piro?? Karo gondes ki bendino adus porak???”,Gento nanggepi karo nyicipi rasane takari.
            “Aku wedi To,,,aku isinan cah e,,wong aku ketemu adep-adepan cangkemku gak wani nyapa To..aku gak pengen nasibku koyo Gareng pas nembak Putri pas pensi kae, wes nyanyi-nyanyi ning panggung, njur terakhir e Putri mallah semaput”
            “Hahaha...kui pancene  Gareng sing gapleki...”, Doyok nanggepi karo nuntun ssepedane Warsidi mengarep.
            “Pie ,,,yo bali yoo...aku wedi wengi-wengi lewat kuburan”
            “Yo ayo ayo aku yo wedi ndak ranteku ucul meneh”, jare  Gento karo cepet-cepet ning sepedane njur  mblandang.
            “He  toooo gentooooo,,,,Takari ku ojo mbok blantik,,,mbok kiro gorengan po  pie?????”,Warsidi  bengok banter karo mlayu-mlayu.
            “Sori-sori khilaf,,,hehehe..”, yoh bali Ndes,Yok”
......................................................................................................................................................
            Jam limo isuk Gondes wis tangi dikon ngresiki jeding karo semeh e. Gondes ning omah karo ibuk e karo adine sing isih kelas 3 SD.
            “Gonnndessss...gondesssss”, suarane Gareng wes teko pertama ning ngarep omahe Gondes.
            “Telo...gasik men koe Reng??? Aku jek nguras jeding iki, wes kono dolanan game ning kamarku disik....aku pe ngebarne nguras jeding.
            Sak wise nguras jeding Gondes langsung adus bar kuwi manasi sepedane, cara ne manasi sepeda versi Gondes.
            “Woiii sepeda jangkrikkkk koe!!!!!! Ba**ngan, telek kuda, predator, donosaurus,lumba-lumba, gak duwe utek,,gak duwe sikil,,,,,curuuuutttt!!!!!!!!!”
            Sak wise manas-manasi sepeda Gondes karo Gareng wis siap among tamu ning ngarep omah. Rak suwi  Gento karo Doyok wes podo teko. Sak wise podo siap cah  papat kuwi langsung otewe moro simpang lima.
            Seprapat jam cah papat  mau wis tekan simpang lima njur markirke sepedane ning pinggir dalan njur lungguh-lungguh ning pahlawan.
            “Melu senam yo nda?????”, Doyok sing awak e lemu nyeret cah papat mau melu senam ning ngarep e gedung pramuka.
            “Wah mbake sing mandu ayu kae Reng....ngarep yo reng...hehe”, Gento mbek Gareng mlipir-mlipir  mengarep nyedake=ii instruktur senam e.
            “Loh,,,,ndi ki cah  mesum kok gak enek??”, Gondes sing ket mau ning sebelahe tingak-tinguk goleki Gento mbek Gareng sing ngilang.
            “Kae  ndes ning ngarep,,,,,”, Doyok nanggepi karo jingkrak-jingkrak ssenam wetenge melu-melu intrukture.
            Ono setengah jam cah-cah  podo senam , sak wie senam cah-cah langsung moro tengah lapangan simpang lima karo ngowoh ndeloki cah dolanan basket.
            “Mass maen mas....golek lawan ki???”,cah pawakan ciino ganteng duwur, sing ketone Gareng sing rodo homo kesengsem.
            “Ok,,,siap,,,yo maen nda???”,Gareng karo ngadek semangat langsung narik tangane gondes,gento mbek doyok.
            “Aku cah telu rak popo mas,,,koe wong papat,,pie?”
            “Ok mas,,,ayo nda...”,jare Gareng semangat 45.
            Gento, gondes semangat mergane ono cah wedok-wedok sing teko njur lungguh ape nonton basket.
            “Aduhhhh,,sikilku cidera iki   nda,,,sepurane yo,,,aku gak melu,,,hehe”, jare Doyok etok-etok ben gak kesel dolanan basket.
            Suwi cah-cah tanding dolanan basket, cah-cah  langsung salaman sak wise genk e Gondes menang telak. Karo pecingas-pecingis  cah telu mau mlirak-mlirik cah-cah  wedok sing ket mau nonton.
            Tiwas ape mlaku nyedaki, lawwan tanding basket e mau nyedaki cah-wedok mau njur lungo gandengan. Gondes,Gento mbek Gareng langsung menciut. Jangkriikkkk.
            “Wes bali yo,,,wis jam sewelas ki”, karo lemes gento langsung mlaku bali.
            Cah papat mau llangsung nyegat Dayatsu(sing durung reti cah semarang biasane nyebut angkot kui Dayatsu) ning ngarep e matahari. Dayatsu ne teko, cah papat mau langsung mlebu dayatsu.
            Gak enek  sprapat jam cah papat mau wis leyeh-leyeh ning ngarep oomahe Gondes.
            “Wah edyaaaannnnn....tak kiro mau cah-cahe sangar-sangar,,,jebule keok,,hahaha..”,Gento sombong karo kipas-kipas nganggo koran.
            “Padahal awak e kowe reti dewe nda,,,,sispek-sispek lo,,hahaha...ngono kok ngejak  i papat lawan telu”,Gareng meelu sombong.
            “Wah,,,tapi koe  mau podo gelo to???sing cah wedok mau pacare musuhmu mau,,,hahahaha”,Doyok rodo ngece.
            Cah telu mau cekikak-cekikik an, tapi Gondes ketok rodo bingung,njur Gento langsung nekoni.
“We s Ndes ojo gelo yen mau bocahe  cah mau,,,kan seh ono Grasia,,,kok sedih ngono”
“Iyo sante wae Ndes seng penting kan menang”, Gareng naggepi karo ngelus ngeluss gegere Gondes.
“Wah mbuh ki perasaanku,,kok rodo ono sing ganjil yo??????”,Gondes rodo bingung.
“Jal,,mergane koe dorong cah mau Ndes,,sante ae cah  e yo gak popo kok”,Gento nenangne Gondes.
“Ora jal meluno mikirke ,,ketone ono sing  ganjil lho...”,Gondes isih tetep bingung.
Cah papat mau mikir suwi, ono setengah jaman cah cah mau mikir, nganti sak wetara wektu cah papat mbengok bareng.
“GOOOOOOBBLOOOOKKKKK SEPEDAAAAANNNNEEE KEETIINNGGGALLLAANNN!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!”
By : Alfian Adestya Putra
---------------------------------@nyuwun komene ya rek@----------------------------------------------
0 Komentar untuk "GONDES MBEK GENTO,episode 2 "Car Free Day""

Monggo dikomentari rek...

Disqus Shortname

Back To Top