SEMARANGAN
“GONDES
MBEK GENTO” episode 1
-KETEMUAN
KARO BANCI-
“Ndes
Gondes...!!!!,,,Ndes..!!!”, suorone gento merdu, ketok seko kadohan ngebut
numpak pit kebone sing telong taun rak tau diumbah.
“Opo
to??? Opo??,,”, takone gondes karo jimuk gorengane mak roto.
“Ndes..ndes,,tak
goleki ning omahmu rak ono,,tak goleki neng lapangan rak ono...”
“Sante
to sante,,aku ket mau isuk neng warunge mak roto,,aku mau diseneni pak ku
,,mergane aku tangi kawanen bar kuwi bbolos sekolah dadi gak disanguni..”,jare
gondes karo jimuk gorengan sing wis rak keitung.
Mak
roto sing lagi asah-assah ning mburi krungu omongane Gondes. Njur mlayu moro
mengarep marani Gondes.
“Ndes,,
pokoke gorengan karo kopine dibayar,,,awas koe ngutang meneh!!!”
Karo
pecingass-pecingis Gondes narik tangane Gento njur mblandang numpak sepeda
boncengan.
Sak
wise berhasil melarikan diri, cah loro mau njur sepedanan muter-muter medoho.
Suwi cah loro sepedanan boncengan sing disawang-sawang ketok romantis. Cah loro
mau mandek neng lapangan Patiunus.
“Loh,,,arep
ngopo To?? Koe ngejak bal-balan??”, takone Gondes karo jimuk gorengan sing
ditilep neng kantonge.
“Wajahmu!!!
,,ngene ndes...wingi aku balek sekolah kan rodok wengi ndes,,jam sewelasan
wengi lah kiro-kiro,,wah pas kae kan udan to ndes??”
“Iyo
to,,iyo,,,hiiii....medeni ki mesti..????”,Gondes wedi karo petingak-petinguk
nyawang tengen nyawang kiwo,,duwour ngisior.
“Sek
to ndes,,pas kui aku to ngiyup ning ruko gajah sing sepi kae”
“O,,,sing
cedak salon kae To,,hiii...ancen jare
tonggoku ning kono akeh setane”
“Sek
to ndes,,bar kuwi to ono mbak-mbak loro teko nyedaki aku,,,Rok ke to,,sak
duwure dengkul ndes,,”
“Hiii...setane
wedok yo to???”
“Sek
to ndes sek,,,bar kuwi aku to kenalan,,ki ndes,,,aku di follow twittere...”,
omongane Gento rodo sombong karo ndudohke fotone cewek mau ning Gondes.
“Wihh,,,he
e to,,,”,rodo suwi Gondes mandengi fotone njur deknen sadar -_- ,“Lha
terus mbok pamerke aku ngono To??? Telo to koe..!!”
“Hahaha...ora
ndes orak,, mbak e mau isuk mension aku ndes,, sok malem minggu dijak nongkrong
ning pahlawan...pie??gelem rak???”,ajak e Gento karo njimuk Hp seko
tangane Gondes.
“Mbak
e kuliahan yo To??Lha terus wong telu ngono?? Aku mbok dadikne bat nyamuk
po!!!!”
“Iyo
ndes,,tenang ndes,,,mbake jare ngejak koncone ndes,,,mayan ndes duwe gebetan
cah kuliahan,,pumpungg jek kelas loro
SMA ndes,,durung mikir ujian,,hahaha.,,pie
gelem rak??”
“Oke
siappp....diatur wae To...,eh ngomong-ngomong iki dino opo to??”
“Goblookkkkkk,,,kowe
mau rak sholat jumat po ndes???????”
......................................................................................................................................................
Dino
setu isuk Gondes mangkat sekolah koyok biasa nglewati ruko gajah, karo
petingak-petinguk deloki ngarep ruko, mbok menowo ono mbak-mbak ayu koyo jarene
Gento. Pas petingak-petinguk saking nglamune, Gondes sing ngowoh numpak
sepeda rak madep ngarep kejlungup got.
Ning
sekolahan sak durunge mlebu, Gento koyok biasane dolanan ABECENAN karo Doyok
mbek Warsidi.
“Ji
rolu....A b c d e f g “, suarane Warsidi semangat.
“heh
Di warsidi...iki abecenan nama-nama opo -_-“, bengok e Gento karo matak sirahe
Warsidi nganggo buku Paket.
Orak
kacek suwi , Gondes mlebu kelas karo pringas-pringis.
“Koe
ngopo ndes”,Takone Doyok karo menehi bungkusan werno ireng ning Gondes.
“Wah
suwun yo Yok,,,opo iki yok???gorengan??koe
pancen koncoku sing apikan Yok”, omonge Gondes karo mijet-mijet kotak
ireng mau.
Orak
butuh wektu suwi, gondes langsung bukak bungkusan mau.
“Wah
asem...sempak mambu,,,sempake sopo iki????????”
Cah
sak kelas podo ngguyu kabeh.
Bel
mlebu wis berkumandang, Pak Pikolo guru sejarah mlebu kelas karo tampang datar,
koyok wong kareasukan koyok biasane. Pak Pikolo iki wis tuo cah ojo kakean
diece. Untune maju sirahe botak pawakane gering duwur. Kebiasaane cah-cah
kelase Gondes mbek Gento pas diulang pak Pikolo ngitungi jumlah kata “YA” sing
diucap pak Picolo.
“Hari
ini masuk semua bagus sekalai ya”
“Nah
sekarang keluarkan PR yang minggu kemarain ,,sudah selesai semua??ya”
“Siapa
yang belum nanti berdiri dipojok,,,,ya”
Bla
bla bla.......wes semono wae,,yen koe pancene cah sekolah njur
koe merhatikne omongan gurumu, mesti ono
seng khas,,salah sijine yo kuwi mau gurune Gondes mbek Gento,, Pak Picolo.
Jam
2 bocah-bocah wis podo bubar sekolah.
Ning
kucingan pojok an dalan sekolah, Gondes,Gento,Warsidi mbek Doyok ditambahi Tukiyo mbek Gareng, koyok
biasa nongkrong karo ngutang gorengan. Pas wayah kuii Gento entuk Bm seko
mbak-mbak sing ketemu wingi.
“Ndes,,ki
mbake Be em aku,,,engko bar maghrib aku
moro omahmu,,terus budal”
“Wah..wah...pie
ki,,,kene rak mbok jak po pie To?? Konco opo kui??” Gareng misuh—misuh karo
nesu nendangnendang watu.
“Wah yo sepurane reng ki
aku jek ono urusan penting mbek Gondes,”
“Iyo reng ,,sesuk tak
tukokne permen wes..pie gelem rak”, jaer Gondes karo ngelus-ngelus batuke
Gareng sing ombo koyo banddara.
“wes reng,,wes reng ojo
nangis,,,ngko bengi futsal wae bareng cah-cah,,oke reng...??”,jare Doyok karo
ngelus-ngelus sirahe Gareng mbarang.
“Janggkkrriiiikkkk....la
po batuk ku lampu ajaib sing metu jin e po pie??? Ket mau di elus-elus terus”
Cah-cah langsung kabur minggat dewe-dewe,,wedi yen
dipatak sepatu karo Gareng
......................................................................................................................................................
Sak
wise maghriban, Gondes wes ngenteni Gento ning gang metu omah,,sing nganti jam
pitu rak ketok-ketok. Karo mandangi cah nom-nom pacaran seng podo boncengan
numpak motor supra mbek astrea.
“Wah telooo,,,,Gento dienteni rak teko-teko,,,rak
ceto ki cah e....”
Gak
suwi Gondes misuh-misuh seko kadohan
ketok Gento numpak motor karo cah wedok.
“Loh
To,,sopo iki to?”
“Iki
jnenge Tiyem ndes,,mbak e sing tak critani”
“Lha
jare ngejak koncone?? Lha aku numpak opo To??”
“He
e,,koncone wis ning kono,,iyo ”
“Iki
jnenge Tiyem ndes,,mbak e sing tak critani”
“Lha
jare ngejak koncone?? Lha aku numpak opo To??”
“He
e,,koncone wis ning kono,,iyo to mbak??”,jare Gento karo takon karo Tiyem.
Karo
rodok mesam-mesem Tiyem ngangguk alus.
“Oh
yo wes tak jipuk mottor sik yo
To,,enteeeennnnniiiii...”, karo mblandang Gondes mbengok-mbengok ngongkon
ngenteni.
Rak
suwi, Gento,Gondes mbek Tiyem tekan dalan pahlawan. Suasane pahlawan yen dino
minggu tepo koe-koe wes podo reti. Ramene koyo ape nglayat kucinge tonggomu sing mati ditotol
pitik.
“Wah
rame yo To,,,?? Mbak Tiyem koncone ndi mbak?? Aku dikenalke yo mbak??? Hahaha...”,
karo pecingas-pecingis Gondes markirke motore.
“”Iyo
ndes,,,koncoku wis ngerti koe seko
twittermu kok,,,tapi tak saranke ojo mbok pek ppacar yo??”, jare Tiyem karo petingak-petinguk goleki wong.
Wis
tengah jam Gondes dadi bat nyamuk e
Gento mbek Tiyem. Wis semono ugo koncone
rak teko-teko.
“To,,Yem,,,iki
aku mok dadi bat nyamuk yo..???”
Gento
mbek Tiyem gak nggagas blas ngomonge Gondes.
Seprapat
jam meneh wes lewat, Gondes ketok melas
karo ndelok cah-cah neng cedake do
pacaran, karo pliirak-plirik dol Jagung serut
sing wajahe medeni koyo Pak Pikolo. Nganti ujug-ujug ono sing ngundang
seko adoh.
“Tiii yemmmm...”
Mak
beduduk, ono banci nyedaki Tiyem ,Gondes mbek Gento.
“Eike
dari tadi di bunderan,,eh tau-tau yu yu pada di sindang bok...”, jare banci mau
karo jawil jawil Tiyem.
“Iki
Ndes koncoku....”, jare Tiyem.
Suasanane
hujug-hujug dadi hening,ning pandangane Gondes, delok i kiwo tengen koyok
kuburan njur sing neng ngarepe koyok malaikat pencabut nyawa.
“Emooooohhhhhhhhhhh,,,,,,,maaaakkkk
tttuuullluuunnggg”, Gondes langsung mlayu sak banter-bantere.
Ngerti
Gondes mlayu Banci ne mau langsung melu mlayu ngoyak Gondes.
“Mas
Gondeeeesssss,,,eeiiikkeeee Tince masssss....eeiikke sudah follow twitter
mas Gondes,,,,aku padamu mas.....”,
Bancine mlayu banter nututi Gondes.
Dalan
tengah hujug-hujug dikosongke,wong-wong podo minggir menehi Gondes mbek Banci
oyak-oyakan.
“Massss
GOOOnnnn deeessssss....cinnnttaaakuu...”, bancine bengak-bengok, suoronee wes
podo koyok spiker mesjid.
Walhasil
Gondes mbek Bancine mlayu seko Pahlawan nganti muteri simpang lima.
Story By : alfian adestya putra
ß-------------------------------------------------@$@---------------------------------------------------à
Suwun rek!!! Nyuwun komen pendapate nggih :D
Tag :
GONDES MBEK GENTO
1 Komentar untuk "GONDES MBEK GENTO,episode 1 "Ketemuan Karo Banci"
apik ndes
Monggo dikomentari rek...